Senin, 03 Oktober 2011

sendang sani





A.WACANA TUMRAP Sendang Sani
              Sendang sani ngedahaken salah satunggalipun panggonan keramat ingkang asal – muasalipun kedados sampun dipun keramataken Kanjeng sunan Kalijaga, ingkang panggonanipun wonten dusun Taman sari mastani Sendang Sani kalawau dados pundhen dusun ngatos sakmenika dados dhukuh sani.
             Lan untungipnun Wonten Sendang Sani punika kathah sanget contohipun wewengkon dhukuh sani dados muncer kanthi panggonan ingkang dados ciri khas wontenipun dhukuh Sendang Sani,shaingga wisatawan kathah ingkang tindak dhateng kanthi tujuan benten – benten. Wonten ingkang dhateng kangge dongan lan wonten ugi ingkangnamung ngerasaake ningngali  utawa foto – foto serasan



b.ASAL MUASAL  KEDADOSANIPUN SENDANG SANI
Asal kawiwitan saking zaman kasunanan, inggih punika kalijaga kaliyan 3 mitranipun
1.   Ki Rangga
2.   Ahmad
3.   Kharim
Sunan Kalijaga kaliyan tiga mitranipun tindak wonten ing muria, lan wonten ing tengah perjalananipun mandeg sawatara kangge nunaikna solat. Rikala Sunan Kalijaga badhe ngelaksanaake wudhu, nanging angel madosi toya lan wekdal kalawau mboten wonten toya babar pisan, sahinggo Sunan Kalijaga ndawuhi mitranipun pados toya kaliyan ngasto satunggal potong deling bekas kangge ngombe legen.
Tiyang kalih kerah pados toya, tiang – tiang menika noleh tengen lan kiwa lan keleresan mirsani peksi kuntul mabur. Diprakiraake ing ngadapaken peksi kuntul wau wonten toya, lan lerres wonten mriku wonten toya nipun. Saklajengipun kalih mitra kala wau nisiaken setunggal potong deling wau kaling toya, dereng ngantos dipun paringaken  ki sunan Kalijaga, Ki Rangga kraos ngelak. Lan ki Rangga ngombe toya wau lan sisanipun kantun sepaleh.
Selajengipun dipun paringaken dhumateng Ki Su nan Kalijaga mboten kersa nampi awit sampun dipun sisani. Ki sunan kalijaga sabda “sekrenana mbenjang menawi wonten mriki dados dhusun, dhusun iki keparingan asma (mendet ukara disisani) lan pungkasanipun ki sunan kalijaga nerusaken perjalananipun tumuju muria lan sak derengipun tindak ki sunan pesen kagem para mitranipun.selajengipun ki sunan kalijaga tindak. Sakmenika sawetara wektu ki rangga kepeksa ntabut tongkat kalawau awit kepepet kawontenan mboten angsal toya. Saksampunipun dipun cabut, dadosaken kedadosan ingkang ngagumaken sanget inggih menika medhal mata air ingkang ageng saking tongkat wau lan dening ki rangga seneng lan ngalangi wonten mriku mboten ngateaken sanesipun.
Kaleresan ki sunan dhateng saking muria lan mirsani tongkatipun. Jebul tongkate sampun dicabut lan wonten toya kathah, saklajengipun     ki rangga dipuntimbali mboten purun lan ki sunan kalijaga medhal sabda’ ki rangga yen sliramu ora gelem munggah nek darat ing jero banyu koyo bulus’ lan saklajengipun ki rangga malih dadi bulus. Lan ki sunan ora sida solat.( panggonan iki dijenengi sendang sani
c.ADAt                       
Kegiatan kebudayaan Sendang sani tiap wulan maulid nadi ing sendang sani di anaaken Upacara Adat ingkang  dipunayai     yayasan hanggadenta saking yogyakarta kanthi maos donga ingkang dipunpercados dene donga kalawau saged dipun kabulaken sedaya panyuwunipun.
Pantangan  ing mriku yaiku mboten diparengake coret – coret, mbuang sampah ing sembarang panggonan